Pangerten
serat wedhatama
-
Saka basa
sansekerta: wedha > ilmu pangerten, tama > becik
-
Wosing: falsafah
urip kayata tenggang rasa, kepriye nganut agama kang becik lan wicaksana, dadi
manungsa sautuhe, lan dadi manungsa ora sautuhe
~
Cacahe pupuh serat wedhatama:
-
Pangkur (14
pada): piwulang ngelmu kang sempurna
-
Sinom (18 pada):
babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati
-
Pocung (15
pada): kawicaksaan sejati
-
Gambuh (35
pada): rasa sukur marah gusti allah kang maha angung
-
Kinanthi (18
pada): saka teembung kanthi utawa nuntun ditunutun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam donya
~
piwulang ana serat wedhatama
-
Piwulang kanggo
kanoman: supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, serta mangerteni sumber
ngelmu kang bener
-
Piwulang kanggo
wong tuwa: ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake
~
jinising tembang
-
Tembang alit:
tembang macapat
-
Tembang
tengahan: satemene tembang macapat nanging wis ora kasuwur
-
Tembang ageng:
satemene niru tembang ageng kuno kang diarani kakawin
~
guru gatra: cacahing ukara saben sapada
~
guru lagu: tibaning swara saben pungkasan larikan
~
guru wilangan: cacahing wanda saben sagatra
~
gunane tembang macapat
-
kasustraan jaman
saiki
-
Bawa utawa
nggerongi gendhing
-
Lagu kehoprak
lan wayang wong
-
Parikan lan
dhagelan
- Watak tembung macapat
- Maskumambang: gambarake jabang bayi kang isih ana kandhutan ibune
- Mijil: jabang bay iwis lair saka kandhutan ibune
- Sinom: kanoman
- Kinanthi: dituntun supaya bias mlaku ngamabah panguripan ing alam donya, watake asih
- Asmarandana: ateges rasa tresna, tresna marang liyan
- Gambuh: ateges yen wis jumbuh banjur digathukake antarane priya lan wanita, watake kulina
- Dhandanggula: gambarake wong kang lagi seneng-senenge
- Durma: wong kang rumangsa kacukupan uripe
- Pangkur: nyingkiri hawa nepsu angkara murka
- Megatruh: saka tembung megat roh, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring kang maha kuwasa
- Pocung: yen wis dadi layon banjur dibungkus mori putih
- purwakanthi yaiku ukara kang runtut basa utawa sastrane
- Purwakanthi swara: ukara kang runtut swarane(vocal), katane loro kata loro kata. Tuladhane: Ana awan, ana pangan; ana dina, ana upa; athi karep, bandha cupet
- Purwakanthi sastra: ukara kang runtut sastrane(konsonan), katane mboten loro kata-loro kata. Tuladhane: Bobot,bibit,bebet; sing weweh bakal wuwuh; sluman slumun slamet
- Purwakanthi basa: ukara kang kadhapuk saka rong gatra. Tuladhane: Asung bekti, bektine kawula marang gusti; bayem arda, ardane ngrasuk busana; nandang lara, laraning wong lara lapa
- paribasan: ukara kang ajeg panganggonane kang ateges wantah ora ngemu surasa pepindhan. Tuladhane: Becik ketitik, ala ketara; maju tatu mundur ajur; sepi ing pamrih, rame ing gawe
- saloka: ukara kang ajeg pangangonane, ngemu teges entar sarta ngemu surasa pepindhan. Dhene kang dipindhakake wonge. Tuladhane: Kebo nusu gudel; kutuk marani shunduk; bebek mungsuh mliwis
- bebasan: ukara kang ajeg panganggonane kanthi teges entar lan ngemu surasa pepindhan. Dhene kang dipindhakake tumindake. Tuladhane: Ancik-ancik pucuking eri; esuk dhele, sore tempe; idu didilat maneh
Comments
Post a Comment